Pages

Jumat, 21 Desember 2012

101. PIDATO BAHASA JAWA



PIDATO PENERIMAAN KEMANTEN
 
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ للهِ الذى خُلَقَ مِنَ الْمَاءِ بَشَرَا فَجَعَلَمَهُ نَسَبًا وَصِهْرًأ. وَكَانَ رَبُّكَ قَدِيْرَا وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ الْخَلْقِ وَالْوَرَى. وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةً وَسَلاَمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ. فَلاَ حَوْلَ وَ لَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ.
Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang kawulo mulya’aken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot ingkang kulo hormati.
Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan syukur dateng Alloh subhanahu wa ta’ala, ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat.
Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Ugi dumateng poro ahli keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi.
اَمِيْنَ يَا رَ بَّ الْعَا لَمِيْنَ
Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati
Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid ingkang kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapak Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak Hamid sekeluarga ngaturaken.
مَرْ حَبًا أَهْلاً بِحُضُوْ رِ كُمْ
Ingkang kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging pangapunten dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun kasediaaken meniko kito ni’mati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sa’wontenipun.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Sa’lajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun dumateng Bapak Hamid selaku tiang sepahipun penganten putri inggih puniko ingkang asmo sederek Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos maremipun penggalih shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan barokah dibawah naungan ridho Alloh subhanahu wa ta’ala. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo mboten saget nyangoni menopo-menopo, namung saget ndonga’aken, mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten wonten alangan punopo Amien.
Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO PENYERAHAN KEMANTEN
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى أَحَلَّنَا النِّكَا حَ. وَحَرَّمَ عَلَيْنَ السِّفَا حَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ الَّذِى هَدَا نَا إِلَى سَبِيْلِ النَّجَاحَ. وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهَلِهِ الصّدْقِ وَالصَّلاَحِ أَمَّا بعدُ فَلاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ
Poro Bapak, Poro Ibu, Poro Tamu undangan ingkang kawulo mulyaaken, shoho poro tamu pengantar penganten ingkang kulo hormati. Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyen kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun Alloh subhanahu wa ta’ala, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget rawoh wonteng ing majlis puniko, kanti kawontenan rahayu wilujeng widodo lir sambi kolo.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat Ta’dzim Alloh soho salam tansah tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam soho para ahli keluarga lumeber dateng kito ingkang sami rawuh ing majlis puniko. Sehinggo kanthi pertemuan kito ing majlis puniko saget dadosaken sababiyahhipun kito pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi benjang ing dinten Qiamat. Amien
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Ingkang kaping tigonipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Poro rawuh, wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking walinipun pengantin putro shoho atas nami wakil sedoyo tamu pengantar pengantin putra.
Sepindah kawula ngraos syukur Alhamdulillah dateng Allah subhanahu wa ta’ala. Shoho matur nuwun sa’agengipun dumateng Bapak Shohibul baik mriki sekeluarga, ingkang sampun bersusah payah budhi dhaya nyediaaken papan pinara’an, shoho hidangan engkang arupi daharan lan unjukan ingkang kados mekaten meniko mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami wakil para tamu pengantar pengantin, mboten saget mbales atas penghormatan meniko kejawi namung saget dungaaken dateng Bapak Shohibul bait mriki kanthi ucapan
جَزَا كُمُ اللهُ خَيْرَ الْجَزَا كَثْرًا
Mugi-mugi atas jerih payahipun utawi penghormatanipun Bapak Shohibul bait mriki sekeluarga tansah andadosno amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun.
 اَمِيْنَ يَا رَ بَّ الْعَا لَمِيْنَ
Poro rawuh sedoyo kangge selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin putro inggih puniko Bapak Hamid. Kolo wahu bidal sangking dalemipun, kawulo nampi Amanat sangking Bapak Hamid, ingkang supadoso masrahaken si manten jaler ingkang Asma sederek Hasan puniko, dumateng bapak Shohibul bait mriki minongko tiyang sepuhipun pengantin putri. Pramilo, sakrehning sederek Hasan puniko sampun trami dados putro mantunipun bapak shohibul bait mriki, ugi kulo wahu sampun dipun laksanakaken Aqad Nikah. Pramilo kanti raos bingahipun manah, shoho kanthi ucapan “Bismilah” sederek Hasan meniko kulo pasrahaken sa’doyonipun dumateng Bapak Shohibul bait mriki, kanti pasrah bongko’an tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene menawi wonten kekirangipun sangking segi nopokemawon, Dene menawin wonten kekiranganipun sangking segi nopokemawon, sami ugi : segi pendidikan, segi pengalaman, pendamelan lan sanesipun, kawulo suwun Bapak Shohibul bait mriki umumipun, sedoyo keluarga lan masyarakat mriki kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo mulya’aken !
Ingkang terakhir kawulo ugi atas kami nami wakil saking rombongan pengantar penganting mbok bilih acara puniko mangke sampun paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi nyuwun pamit pindah, soho nyuwun tambahipun do’a restu. Mugi kulo sa’rombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten wonten setunggal alangan punopo. Amien.
Shoho sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking sedoyo pengantar pengantin, kulo nyuwun agunging pangapunten, saking tingkah laku, ucapan-ucapan, tindak tanduk ingkang kurang nyocokidateng panggalehipun Bapak Shohibul Bait mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO SAMBUTAN WALIMATUL URSY
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِلا قَدْ قَا لَ فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْم. وَاَنْكِحُوْا اْلاَيَّامَى مِنْكُمْ وَالصَّالِحِيْنَ مِنْ عِبَادِ كُمْ وَإِمَا ئِكُمْ وَإِمَ ئِكُمْ إِنْ يَكُوْنُوْا فُقَرَاءَ يُغْنِيْهِمُ الله مِنْ فَضْلِهِ وَ اللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّد القائل النّكا حُ سُنَّتِى فَمَنْ أَحَبَّ فِطْرَ تِى فَلْيَتَسَنَّ بِسُنَّتِى وَعلَى اله وَ أَصْحَا به وَمَن والاه امّا بعد
Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh subhanahu wa ta’ala, ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko majlis, dalam rangka menghadiri undangan walimatul Ursy ing saat meniko.
Poro rawuh ingkang kulo hormati,
Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah, kranten meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi, bilih wonten salah setunggulipun wekdal, sohabat Abdurrohman bin Auf, matur dateng kanjeng Nabi, bilih piyambakipun nglaksanaaken nikah damel maskawin (Mahar) rupi emas sak bobotipun kelungsu kurmo salajengipun kanjeng Nabi ngendiko.
بَارَ كَ الله لَكَ أَوْلِمْ وَلَوْ بِشَاةٍ
Tegesipun kanjeng Nabi donga’aken barokah, lajeng perintah ngawontenaken walimah senajan namun nyembelih maendho setunggal.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah. kados ingkang kasebut wonten ing kitab-kitab fiqih. Wonten kala : Walimatul ‘Ursy wonten kalane walimatul khitan, wonten kalane walimatul maulid, wonten kalane walimah ngedekaken griyo utawi boyongan, shoho sanesipun. Dene ingkang paling utami utawi ingkang afdhol inggih meniko “Walimatul ‘Ursy utawi Walimah Manten”
Dene masalah ijabatut-da’wah, utawi dugeni dateng walimah, meniko hukumipun inggih benten-benten. Menawi walimah manten, meniko ingkang dipun undang, wajib ndugeni, selagi wonten majlis walimah manten kolowahu, boten wonten perkawis mungkar utawi maksiat. Lan menawi wonten perkawis maksiat utawi perkawis ingkang nglaraaken manah, meniko boten wajib nekani.
Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi walimah khitan utawi maulud, utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun sunat. Poro rawuh !, sa’lajengipun, menawi wonten setunggal wekdal meniko wonten undangan kaleh, utawi tigo, meniko ingkang dipun dugeni gedah ingkang langkung parek griyanipun. Dene menawi perekipun, meniko podo ingkang dipun dugeni langkung rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel dasar hadisipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken deneng Abu Dawud
إِذَا إِجْتَمَعَ دَا عِيَانِ فَأَجِبْ أَقْرَبُهَ بَابًا. فَإِنْ سَبَقَ أَحَدُهُمَا فَأَ جِبْ الَّذِي سَبَقَ
Ingkang artosipun :
Menawi kempal tiang ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko ingkang dipun dugeni, tiang ingkang langkung parek lawang griyonipun. Menawi salah setunggalipun meniko langkung rumiyin, inggih ingkang langkung rumiyin meniko ingkang dipun dugeni
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng undangan walimah manten meniko hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni undangan saklintunipun walimah manten, kados dene walimah khitan utawi walimah maulid meniko dugeni hukumipun sunat.
Poro rawuh, meniko nopo rahasianipun utawi sebabipun masalah dugeni walimah meniko kok benten-benten ? menurut sebagian Ulama meniko wonten ingkang njelasaken, menawi ndugeni datang walimah manten meniko wajib. Sebabipun wonten ing majlis walimah manten meniko wonten tiyang ingkang nyandang susah utawi sakit malah sedoyonipun ngraosaken ayem seneng lan bungah. Tegesipun tiyang ingkang dipun unddang seneng, lan menikolah ingkang dados wajibipun dugeni undangan walimah manten.
Lan menawi walimah khitan utawi walimah maulid (kelahiran) tumrap tiyang ingkang dipun undang dugeni walimah meniko hukumipun sunat, kranten wonten ing griyanipun tiyang ingkang kagungan hajat meniko wonten ingkang ngraosaken sakit utawi payah. Tegesipun tiyang ingkang dipun undang seneng tiyang ingkang ngundang seneng, tapi lare ingkang dipun khitani utawi ibu ingkang nglahiraken meniko ngalami sakit. Pramilo dugeni dateng undangan walimah khitan utawi kelahiran hukumipun sunat boten wajib.
Tepi sedoyo kolowahu utaminipun dipun dugeni kranton meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken dening Imam Muslim :
إِذَا دُعِيَ اَحَدُكُمْ فَلْيُجِبْ فَإ نْ كَانََ صَا ئِمًا فَلْيُصَلِّ وَاِنْ كَانَ مُفْطِرًا فَلْيَطْعَمْ
Ingkang artosipun :
Menowo siro diundang mangko becik tekoho manwa siro poso mangko donga’no bagus lan barokah menawo siri ora poso mongko mangano
Poro Rawuh kintenipun cekap semanten kangge sambutan kulo akhiripun kulo akhiri kupat lepet taline janur, lepat luput panggahodadi sedulur, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO NASEHAT PERNIKAHAN
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ لله الّذى سَنَّ لِعِبَادِهِ النِّكَاحَ. وَنَهَا هُمْ عَنِ السِّفَا حِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَ مُحَمَّدٍ الْقَائِلْ : تَنَا كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْا فَإِنِّى مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَمَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ فَلاَ حَوْلاَ وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِا للهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ.
Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati.
Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh subhanahu wa ta’ala ingkang sampung paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut hari kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget keramat meniko
Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal sholeh kito sedoyo. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang kaping kalih mugiho rohmat ta’dzim dan salam bahagia Alloh tansah dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, soho poro ahli keluarga lan sohabatipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di kalangan umat Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken nikah meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi :
تَنَا كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْ فَإِ نِ‍ى مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَّةَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ
Ingkang artosipun :
Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh
Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken. Sebab nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam nikah meniko, dados syarat syahipun nikah.
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf. Inggih meniko :
Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha’ (Nikah نكح) ing tigang huruf kolowahu anggadahi
singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko singkatan sangking kata Ni’mat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang nikah meniko ngraosaken nikmat lahir lan batin.
Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi keramat. Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat, sehinggo panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten ngajeng piyambak kados dene palenggahanipun raja lan permaisuri.
Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh saget cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh tiang taksih bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen teng kamar saget cerito-cerito kaleh garwane
Poro rawuh ingkang kulo hormati !!
Kajawi saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah dipun laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang jaler sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler meniko ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putro-putrinipun.
Alloh sampun dawuh wonten Al-Qur’an
الرَّ جَالُ قَوَّامُوْ نَ عَلَى النِّسَآ ءِ
Artosipun :
Bilih tiang jaler meniko ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang estri
Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih meniko, menawi dipun shallallahu ‘alaihi wasallamang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken. Lan menawi dipun perintah kedah selalu to’at, utawi manut, selagi perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun tinggal kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken dening shohabat Abi Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten :
خَيْرُ النِّسَآءِ إِمْرَأَةٌ إِذَا نَظَرْ تَ إِلَيْهَا سَرَّتْكَ وَاِنْ اَمَرْتَهَا اَطَا عَتْكَ وَاِنْ غِبْتَ عَنْهَا حَفَظَتْكَ فِى مَالِكَ وَنَفْسِهَا
Ingkang artosipun :
Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro shallallahu ‘alaihi wasallamang, deweke tansah bungahake marang siro, lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga awake lan bondo siro
Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal Insyaa Allah saget dipun sambung malih.
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetep dadiho sedulur
Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO WALIMATUL MAULID
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ الَّذِيْ خَلَقَ اْلاِنْسَانَ مِنْ طِيْنٍ. وَقَدَّرَ سَعَاادَةُ وَشَقَا وَتَهُ وَرَزَقَهُ وَاَجَلَهُ وَهُوَ فِى قَرَرِ مَكِيْنٍ. وَاَخْرَجَهُ مِنْ بَطْنِ اُمِّهِ وَهُوَ لاَ يَعْلَمُ بِشَيْئٍ مُبِيْن. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ اَفْضَلِ الْخَلْقِ اَجْمَعِيْنَ وَعَلَى اَله وَاَصْحَا بِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْ الدِّيْن امّا بعد
Poro Bapak poro Ibu, hadirin, hadirot ingkang kulo mulya’aken !
Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo, samio nglahiraken rasa puji syukur dateng ngarsanipun Alloh, kang Maha Kuasa kanthi ucapan Alhamdulillah. Dene menopo wonten ing saat meniko, Alloh sampun paring pinten-pinten rahmat, taufiq, dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo panjenengan sedoyo saget karoyo-royo bucal tempo ninggalno griyo, ninggal bondo lan rojo koyo, saget ngrawuhi undanganipun Bapak Ahmad sakeluarga. Dene menopo wonten ing saat puniko, Bapak Ridhwan nampi ni’mat sangking ngarsanipun ingkang Maha Kuoso, ingkang arupi kelahiran sang putro, ingkang lahiripun kanti keadaan wilujeng, boten wonten satunggal alangan punopo.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo, dene kulo panjenengan dipun rawuhaken wonten ing dalem meniko, boten sanes dipun suwuni tambahipun barokah dugo mugi-mugi putri ingkang tembih lahir puniko, sagedo dados putro ingkang berguna migunani tumraping masyarakat, bangsa lan agama. Amien.
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Dene bayi ingkang nembeh lahir ing saat meniko dipun paringi tetenger, utawi dipun paringi asmo “Zainul Haqqi” (contoh) pancen sampun dadaos kewajibanipun tiang sepuh, meniko menawi kagungan putro, kedah pareng asmo ingkang sahe, shoho paring pendidikan-pendidikan dateng putronipun kados ingkang dipun dawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam
حَقُّ الْوَالِدِ عَلَى وَلَدِهِ اَنْ يُحْسِنَ اِسْمَهُ وَاَدَ بَهُ وَاَنْ يُعَلِّمَهُ الْكِتَابَةَ وَالسِّبَا حَةَ وَالرَّ مَايَةَ وَاْنْ لاَ يَرْ زُقَهُ اِلاَّ طَيِّبًا وَاَنْ يَزَوِّ جَّهُ اِذَا اَدْرَكَ
Ingkang artosipun :
Haq utawi kewajibanipun tiang sepuh dumateng putranipun inggih meniko :
1. Kedah paring asmo utawi nami ingkang sahe
2. Kedah mbagusi dateng adabipun
3. Kedah mulang nyerat utawi nulis
4. Kedah mulang dateng renang utawi nglangi
5. Kedah mulang dateng manah utawi nembak
6. Kedang paring rizki ingkang halal
7. Kedah ngrabekaken/nikahaken menawi sampun dewasa utawi menawi sampun ketemu jodohipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi keterangan wonten ing nginggil kolo wahu bilih anak meniko amanatipun Alloh ingkang dipun titipaken dumateng kito sedoyo, ingkang mbenjang wonten akhirat kito dipun suwuni pertanggung jawab. Tegesipun kito dipun dangu kados pundi anggen kito ngramut dateng putro kito. Menawi didikan kito meniko sahe, kito inggih dipun bales sahe dening Alloh, shoho putro ingkang sholeh meniko saget dados amal jariyahipun tiyang sepuh, menawi sampun sedo. Dene menawi anggen kito didik putro meniko awon, meniko kito inggih pikantuk sikso sangking ngarsanipun Alloh kanjeng Nabi dawuhaken.
إِذَا مَاتَ إِيْنُ أَدَمَ إِنْقَطَعَ عَمَلُهُ اِلاَّ مِنْ ثَلاَ ثٍ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ اَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ اَوْوَلَدٍ صَا لِحٍ يَدْ عُوْ لَهُ
Ingkang artosipun :
Naliko Ibnu Adam (Manungso) meniko sampun sedo/wafat mangko putus sedoyo ngamalipun kejawi saking tigang perkawis. 1. Sodaqoh, 2. Ilmu ingkang manfaat 3. Putro ingkang sholeh, ingkang ndongaaken dateng Ibnu Adam kolo wahu (utawi tiang sepahipun)
Poro rawuh ?! pramilo lewat kesempatan meniko, kulo ngajak dateng panjenengan sedoyo, monggo putro-putro kito meniko kito didik ingkang sahe kito wulang dateng ilmu agomo, supados benjang dados lare ingkang sholeh, minongko dados amal jariyahipun kito sedoyo.
Kejawi saking meniko ugio saget nerusaken perjuangan kito sedoyo, supados kejayaan Islam lan kemulyaan Islam ing masa mendatang saget tetep gilang gemilang. Amin.
Poro rawuh
getuk menopo gedang goreng ?
Sampun ngantuk menopo dereng ?
Kintenipun cekap semanten atur kawulo, menawi lepat nyusun pangapuro.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO WALIMATUL KHITAN
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
الحمد لله الذى قد قال فى كتا به الكريم : ثُمَّ اَوْحَيْنَا اِلَيْكَ اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرَاهِيْمَ حَنِيْفًا. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الْمُصْطَفَى وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ الصِّدْقِ وَالْوَ فِى ا مّا بعد
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati !
Sepindah Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken rasa puja lan puji syukur dateng ngarsanipun Allah subhanahu wa ta’ala. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat lan taufiq soho hidayah dumateng kito. Sehingga wonten ing kesempatan meniko kito saget rawuh wonten ing puniko majelis dalam rangka Jabatud Da’wah, utawi ngrawuhi dateng undangan dateng walimatul khitan, mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo, kalian Allah dipun catet minongko dados amal sholeh kito sedoyo amin-amin ya robbal alamin.
Ingkang kaping kalih, mugi-mugiho salam bahagia Allah, lan rahmatipun, tansah kalimpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam sebagai Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at dateng sedoyo umat benjang wonten ing dinten qiamat mboten pandang sugih utawi mlarat. Mboten pandang rakyat utawi pejabat, selagi umat puniko taksih purun nindaaken syariat, tegesipun taksih purun to’at lan boten purun ngelampahi maksiat.
Ingkang kaping tigonipun kawulo matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo. Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo gunakaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Nindaaken khitan utawi sunat meniko derek tindak lampanipun Nabi Ibrahim as ingkang wonten sejarahipun Nabi Ibrahim nindaaken khitan meniko sampun yuswo 80 tahun. Lan jenggote kaleh brengosipun sampun dowo. Tur wonten zaman semanten, dereng wontek calak utawi dokteng ingkang tukang nyunat. Dados dipun sunat piyambak !? Mungkin bapak-bapak utawi ibu-ibu timbul pertanyaan. Lhoooo! Menopo Nabi Ibrahim puniko tiyangipun wedi pemes, utawi wedi lading kok sampek umur 80 tahun lagek sunat ?
Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Nabi Ibrahim puniko sanes tiyang jerih utawi tiyang weden. Shoho sanes tiyang wedi pemes utawi lading. Tapi pancen wontenipun printah sunat utawi khitan meniko inggih sampun umur 80 tahun niku. Dados asal-usulipun sunat puniko awit zamanipun Nabi Ibrahim. Lajeng Alloh subhanahu wa ta’ala paring wahyu dateng kanjeng Nabi supados derek agaminipun Nabi Ibrahim. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an
ثُمَّ أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ أَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۖ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Artosipun :
“Nuli ingsun wahyuake marang siro (Muhammad), supoyo melu (condong) marang agamane Nabi Ibrahim” (QS. An-Nahl ayat 123).
Poro Bapak poro Ibu ingkang kulo hormat !
Lhoooo…… sakniki fungsinipun utawi faedahipun khitan meniko katah ing antawisipun : No. 1 Dipandang saking segi agama, khitan meniko saget ngilangi najis utawi kotoran ingkang kentung wonteng pucukipun zakar/kucur utawi kepala penis. Padahal ngilangi najis puniko dados syarat absyahipun sholat. Lhoooo sholat gangsal wekdal meniko wajib. Pramilo menurut qo’idah ushul fiqh :
كُلُّ مَا يُتَوَ صَّلُ بِهِ إِلَى الْوَاجِبْ فَهُوَ وَا جِبٌ
Artosipun :
Sakabehe perkoro sing digawe lantaran maring nindakne perkara wajib meniko hukume wajib
Pramilo ngilangi najis utawi kotoran wonten pucukipun zakar utawi kucur/helm puniko wajib. Sebab andadosaken absahipun sholat. Dene kaidah ingkang No. II inggih puniko : Dipandang sangking segi kesehatan dokter khitan puniko saget ngilangi penyakit-penyakit ingkang timbul sangking pucukipun zakar utawi kucur.
Dene faedah ingkang No. III khitan meniko saget nambahi dateng keberanian utawi kekendelan, shoho nambahi kewibawaan. Hal meniko saget dipun bukte’aken menawi panjenengan pikir, sedoyo poro pejuang 45 ingkang gagah berani, wantun ngusir panjajah, wantun bertanding melawan musuh, meniko sedoyo, pejuang-pejuang kolowahu inggih sampun sunat. Lan boten wonteng tiyang ingkang dereng sunat, puniko wantung perang ngusir penjajah.
Dados mekatenlah pentingipun khitan utawi sunat. Pramilo kangge akhir kata kulo monggo bapak poro ibu menawi kagungan putro dereng dipun khitanaken, enggal mawon dipun khitani. Kranten hubunganipun meniko dateng masalah ibadah.
Kintenipun cekap semanten atur kulo
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetepa dadi sedulur
Masang pulut ing duwur cemoro
Menawi luput nyuwun ngapuro
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO PEMBERANGKATAN JENAZAH
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَ كُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلاً. والصّلاة والسّلام على سيدنا محمد أَحْسَنِ الْخَلْقِ قَوْ لاً وَفِعْلاً. وعلى اله واصحا به مَادَ مَتِ الشَمْسُ وَالْقَمَرُ طَلَعَتْ نَهَارًا وَلَيْلاَ. أَمَّا بعد. فقال الله تعالى فى القران الكريم. إِذَا جَآءَ أَجَلُهُمْ لاَ يَسْتَاءْ خِرُوْنَ سَا عَةً وَلاَ يَسْتَقْدِمُوْنَ إِنا لله و إنا إليه راجعون.
Poro Rawuh, Hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !
Ing mriki kulo atas nami wakilipun Bapak H. Umar sekeluargi, ingkang ing dinten meniko nampih musibah sangking ngarsanipun Alloh, inggih puniko sedanipun ……. (SI Fulan).
Sepindah kulo muji syukru Alhamdulillah, shoho ngaturaken matur nuwun atas kerawuhan panjenengan sedoyo, ingkang sami keroyo-royo kerso ta’ziah utawi bela sungkowo, lan hormat atas jenazahipun si Fulan meniko. Ing mriki kulo nyuwun agunging pangapunten dateng panjenengan sedoyo, amergi kulo mboten saget nyaosi papan pinaraan ingkang sekeco, shoho hidangan ingkang ngremenaken manah panjenengan sedoyo. Kejawi saking meniko kulo boten saget bales menopo-nopo atas bantuan panjenengan sedoyo ingkang arupi tenaga lan fikiran shoho sanesipun. Lan ing mriki, kulo, namung saget ndongaaken mugi-mugi sedoyo amal sholeh panjenengan kolowahu dipun trami dening Alloh subhanahu wa ta’ala. Lan dipun bales ingkang sak katah-katahipun.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sampun sakmesthinipun sangking keluarga Bapak H. Umar lan poro kerabat, shoho kulo panjenengan sedoyo meniko sami susah lan getun, atas sedanipun si Fulan meniko. Ananging kados pundhi maleh pancen sampun dados taqdiripun Alloh ingkang boten saget kito gadali lan boten saget dipun unduraken malih. Inggih boten sanes monggo kito ikhlasaken mawon, lan dipun paringi jembar kuburipun, shoho dipun ngapunetn dosa-dosanipun lan dipun tampio amal-amalipun ingkang sahe sehingga sagedo angsal rahmat sangking ngarsanipun Allah subhanahu wa ta’ala. Lan mugi-mugi kito sedoyo ingkang dipun tilar sagedo nerusaken perjuanganipun lan nyampurnakaken amal kesahenanipun soho usahanipun ingkang kapundut. Amin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sa’derengipun jenazah dipun berangkataken, ten mriki kulo aturaken dateng panjenengan sedoyo bilih sak sumerep kulo si Fulan meniki termasuk golongan tiang ingkang sahe. Baik segi ibadah dateng Alloh, ugi sesrawungan dateng tanggo, utawi dateng tiyang sanes. Tapi ing mriki perlu kulo saksekaken dateng panjenengan sedoyo, bilih jenazahipun si Fulan puniko sahe nopo sahe ? 3x. Alhamdulillah.
أَنْتُمْ شُهَدَأُ عَلَى اْلاَرْضِ
Poro Rawuh nggih si Fulan meniko anggadahi “haqqul Adam”, utawi utang piutang, soho sanesipun dateng panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan ihlasaken. Dene menawi amrat menawi dipun ikhlasaken, kulo suwun supados langsung mawon hubungan kalih pihak keluarga utawi ahli warisipun. Lain malih sebagai meningso tentu kemawon sekedi utawi katah, si Fulan meniko gadah kalepatan dateng tiang sanes. Pramilo saking meniko, ing mriki kulo aturaken sedoyo kalepatan si Fulan meniko, saking segi nopokemawon, panjenengan kersoho paring pangapunten.
Kintinipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten. Monggo jenazah sareng-sareng kito berangkataken, kanti mahos Sholawat (kalimat Toyibah).
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO PERINGATAN MAULID NABI
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
الحمد لله الذى أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلاِيْمَانِ وَاْلاِسْلاَمِ وَأَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ عَلَى كَّا فَّةِ اْلاُمَمِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ اْلاَنَمِ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أمّا بعد. فقال الله تعالى فى القر أن الكريم. وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلاَّ رَحْمَةً لِّلْعَالَمِيْنَ.
Hadratul Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati.
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko, monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.
Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa Islamiyah.
Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !
Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara, ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin
Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten terpandang asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang pemimpinipun.
Lha panjenenganipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam, meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman Rohimipun Alloh subhanahu wa ta’ala, wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten Al-Qur’an surat Al-Anbiya : 107
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِّلْعَالَمِينَ
Ingkang artosipun :
Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam”
Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !
Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh subhanahu wa ta’ala. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh subhanahu wa ta’ala. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh shallallahu ‘alaihi wasallam, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi :
مَنْ إِعْتَنَى مَوْ لِدِيْ وَجَبَتْ لَهُ شَفَا عَتِى
Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu
( اركان المحبّة ثلا ثة)
Rukunipun cinta meniko wonten tigo
1. Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta, tanpa korban cinta sia-sia.
2. Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing sonten, siang ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut
3. Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
La’ kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat meniko.
Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafa’atipun, benjang ing dinten qiamat.
Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun agungipun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PERINGATAN ROJABIYAH
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى جَعَلَ إِسْرَاهُ مِنْ مَكَّةَ اِلَى بَيْتِ الْمُقَدَّسِ فِى لَيلَةِ الْكُبْرَآ. وَاَرْسَلَهُ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا وَدَا عِيًا إِلَى اللهِ بِإِذْنِهِ سِرَاجًا وَمُنِيْرًأ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ الْوَرَى وَعَلَى اله وَاَصْحَابِهِ صَلاَةً وَسَلاَمً كَثِيْرًا أمّا بعد
Dumateng poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang kulo hormati.
Sakderengipun kulo matur ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngersanipun Alloh subhanahu wa ta’ala. Shoho nyuwunaken tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Muhamamd shallallahu ‘alaihi wasallam, shoho poro ahli keluargo lan sahabatipun.
Poro hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken !
Pengajian ing saat meniko dalam rangka memperingati dinten ulang tahun Isro’ Mi’roj ipun junjungan kito Nabi Besar Muhamamd shallallahu ‘alaihi wasallam. Kini kembali mengenai hal-hal historis revolusi fisik, utawi sejarah perjuanganipun Rosululloh shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang panjenenganipun tepat tanggal 27 Rojab tahun 571 M. Dipun aturi kalian Malaikat Jibril, nindaaken perintahipun Alloh subhanahu wa ta’ala, dipun Isro’aken utawi dipun lampahaken dalu, awit saking Masjidil Harom (Mekkah) ngantos Masjidil Aqsho (Palestina). Selajeng dipun Mi’roj aken saking Masjidil Aqso minggah dateng langit ngantos Syidrtoul Muntaha. Ingkang perlunipun dipun sumerapaken dateng pinten-pinten tanda kekuasa’anipun Alloh subhanahu wa ta’ala, shoho nampi kewajiban ibadah sholat gangsal wekdal. Hal meniko dipun jelasaken wonten Al-Qur’an surat Bani Israil ayat 1 ingkang surasosipun mekaten :
فقال الله تعالى فى القر ان الكريم : سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ
Ingkang artosipun :
Maha suci Allah ingkang nglampahaken dateng hambanipun wonteng ing wekdal dalu, saking Masjidil Harom dateng Masjidil Aqso kang ingsun berkahi kiwo tengene, sa’perlu ingsun tunjukne sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene Alloh iku Maha Mendengar lan Maha Mengetahui
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Kanti pengajak kulo monggo kanti wontenipun peringatan Isro’ lan Mi’roj meniko, kito tingkataken segala bidang, Monggo Pak, Bu, warga umat Islam, ,lewat peringatan meniko, kito tingkataken No. 1 Bidang Ubudiyah urusan ibadah dateng Alloh subhanahu wa ta’ala, ingkang maksudipun sak sampunipun peringatan Rojabiyah meniko, sampun ngantos wonten tiang ingkang ngaku agamane Islam, anangeng ibadahe taksih plintunan, utawi namun asal kober, menawi boten kober boten ibadah. No. 2 Niat bantu program pemerintah, dalam rangka meratakan pendidikan utawi mencerdaskan Bangsa ingkang maksudipun, saksampunipun peringatan Rojabiyah nimu sampun ngantos wonten umat Islam sing taksih lolak-lolok utawi taksih dereng sadar hidup berorganisasi, hidup bermasyarakat, lan hidup bergotong royong lewat jam’iyah-jam’iyah. Lewat pengajian-pengajian kito saluraken santapan rohani supados umat Islam ngertos endi barang sing Halal, lan endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi terwujudipun Akhlaqul Karimah, mewujudkan sopan santun, toto kromo, ingkang maksudipun supados umat Islam saget sesuai antara ucapan lan perbuatan. Sampun ngantos Islam namung dumel akon-akon thok, nanging tumindha’ipun boten sesuai. Mangane boten diatur coro Islam, pergaulane boten diatur coro Islam, nek pados rizki boten diatur coro Islam, meniko sampun ngantos terjadi. No. 4 Niat demi wujudipun pengamalan wajib ingkang dados rukunipun agami Islam. Terutama pengamalan wajib ingkang dados intinipun utawi hasilipun Isro’ Mi’roj meniko ingkang sampun dipun kumndangaken setiap waktu, wonten masjid-masjid, utawi saben-saben mushollah.
حَيَّ عَلَى الصَّلاَةْ
…………. nopo BU…? Inggih meniko sholat gangsal wekdal.
Mbok menawi wonten Umat Islam sing dereng nglampahi sholat, mugu-mugi enggalo dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi sholat meniko merupakan barometer utawi alat pengukur dateng pengamalan kito sedoyo. Tegesipun pengamalan kito sedoyo saget sahe utawi boten meniko dipun ukur utawi dipun tingali, kalihan anggenipun ngalmpahi sholat. Kranten dawuhipun Alloh wonten Surat Al-Ankabut, ayat 45 :
إِنَّ الصَّلَاةَ تَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ ۗ
Artosipun :
Sholat iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo urusan ibadah meniko dipun tingkataken ingkang sa’estu, terutami dumateng putra-putri kito utawi generasi kito sedoyo, meniko kito didik, kito wulang, lan kito arahaken dateng urusan ibadah, sampun ngantos kito umbar, mboten kito arahaken, supados mangke dados generasi ingkang saget berguna tumrap agomo, bongso lan negoro.
Kranten lare meniko saget sahe utawi awon tergantung tiyang spuhipun ingkang mendidik. Dawuhipun bapak kiai :
1. Anak iku nisbat koyo dene wadah. Apik olo tergantung sing gulo wentah
2. Senajan wadah cilik isi lengo wangi. Panggonane ing lemari amon klambi.
3. Senajan wadah gede isi gemuk oli. Panggonane ono ngisro ora aji
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo
Nopo maleh wonten ing zaman akhir meniko katah sanget pengaruh-pengaruh sangking arus gamebyaripun dunyo, katah iman ingkang podo kenter ketendang banjir kepuntir-puntir ilmu agama boten kepikir, maksud kulo, banjir kebudayaan-kebudayaan ingkang merusak mental umat Islam.
Kanjeng Nabi naliko Mi’roj sampun diparingi gambaran-gambaran ingkang dados lambang ingkang bade terjadi wonten ing dunyo meniko. Termasuk kanjeng Nabi dipun sumerepi tiyang estri ingkang ayu….teng pinggir dalan celuk-celuk dateng kanjeng Nabi, tapi piambakipun boten mandeg, slajeng dipun tanggledaken dateng Malaikat Jibril, Jibril maringi penjelasan, bilih meniko lambangipun dunyo sak isine, kok menawi panjenengan wahu mandek, tentu umat panjenengan bade milih dunyo sak isine, ninggal perkoro akhirot.
Pramilo meniko manggo manah kedah dipun gembleng, dipun isi iman ingkang kuat mugi-mugi kulo panjenengan benjang sagedo wilujeng dunyo lan akhirat. AMin yaa Robbal a’alamin. Cekap semanten aturan kulo, sedoyo kelepatan nyuwun angunging pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO MENYAMBUT BULAN ROMADHON
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِدِيْنِ اْلاِسْلاَمِ وَاْلاِيْمَنِ وَجَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ وَسْيْلَةً فِى نَيْلِ الْغُفْرَانِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَفْضَلِ اْلاِنْسَان. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْمُتَمَسِّكِيْنَ بالْقَرآن.أ مّا بعد
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati !
Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh subhanahu wa ta’ala. Kranten Alloh sampun paring Rohmat, Ni’mat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun.
Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken anggenipun taqwa dumateng Alloh subhanahu wa ta’ala. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun, shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng ing wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Ingkang artosipun :
Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa” (Al-Baqarah : 183).
Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun.
Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan meniko kito tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi larangan-larangan ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon, ngrasani tiyang sanes, lan lintu-lintunipun. Kranten menurut sebagian Ulama’, tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata صَوْمٌ ingkang hurufipun wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim. Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambak-piyambak.
Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum (صُمْتٌ) ingkang artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking guneman ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.
No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un (وَرَعٌ) utawi Wiro’i. Ingkang maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wira’i utawi nebihi sangking perkawis ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho minggahipun syara’.
No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun (مَلَكٌ) ingkang artosipun ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker lan nyegah perkawis-perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi kanti amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon kito angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh :
مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَا بًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Ingkang artosipun :
Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat”
Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo nyuwun pangapunten lahir lan batin.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO PERINGATAN NUZULUL QUR’AN
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى أَنْزَلَ الْقُرْاَنَ هُدًى لِلْمُتَّقِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ فِ اْلاَنْبِيَءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ أَجْمَعِيْنَ. أ مّا بعد. فقال الله تعلى فى القرآن العظيم : إِنَّا نَحْنُ نَزَّ لْنَا الذِّ كْرَ وَاِنَّا لَهُ لَحَا فِظُوْنَ.
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang saat meniko monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah muji syukur dateng ngersanipun Alloh subhanahu wa ta’ala. Ingkang sampun paring Rahmat, Nikmat dateng kito sedoyo sehingga ing saat meniko, kulo lan panjenengan saget bersilaturrohim wonten ing meniko majlis ingkang mubarok, dalam rangka menghadiri acara peringatan “Nuzulul Qur’an” ingkang kados meniko meriyahipun.
Ingkang kaping kalih sholawat soho salam sejahtera Alloh mugi tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Amin
Poro Bapak, Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Kisah perjalanan manusia gesang wonten ing alam dunia menuju dateng Alam akhirot meniko saget kito ibarataken kados dene seorang musyafir ingkang lagi menyebrang lautan, menuju sebuah pantai. Utawi kados dene tiang ingkang lagi kesesahan nyebrang segoro mawi sebuah perahu menuju suatu pantai (pelabuhan), sampan sakmestinipun tiang ingkang lagi nyebrang. Meniko wonten ing tengah perjalanan memaggihi pinten-pinten halangan lan rintangan. Kadang-kadang si musafir lagi tenang-tenang wonten nginggil perahu tiba-tiba angin datang meniup. Kadang-kadang badai dan gelombang menggelegar ombak menyeberang. Ia memenuhi suasana ingkang kados mekaten meniko kok si musyafir meniko lengah anggenipun mengemudi, utawi boten gadah gondelan ingkang kukuh, saget-saget kapalipun meniko numplek lan tenggelam wonten ing tengah-tengah lautan. Akhiripun mboten saget dumugi dateng suatu tujuan.
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Semanten ugi kito gesang wonten Alam dunia menuju dateng alam akhirat. Meniko sering kito panggihi pinten-pinten cobaan lan rintangan. Kadang-kadang tiang gesang meniko dipun coba kalian Alloh di timpa kemiskinan, ekonomi kirang mencukupi, kadang di coba putrinipun sakit, usaha sesuatu boten berhasil lan sanes-sanesipun lan kangge menanggulangi hal meniko, Alloh sampun nurunaken kitab Al-Qur’an, ingkang supados damel pedoman gesang wonten ing alam dunyo supados saget wilujeng lan bahagia wonten akhirat. Dawuhipun Alloh surat Al-Hajr ayat songo :
إِنَّا نَحْنُ نَزَّ لْنَا الذِّ كْرَ وَاِنَّا لَهُ لَحَا فِظُوْنَ
Ingkang artosipun :
Sa’temene ingsun wis nurunake Al-Qur’an sa’temene Ingsun tetep jogo marang Al-Qur’an.
Poro rawuh, ugi wonten ayat lintu Alloh dawuhaken wonten surat An-Nahl : 89
وَنَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْكِتَابَ تِبْيَانًا لِّكُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى وَرَحْمَةً وَبُشْرَىٰ لِلْمُسْلِمِينَ
Ingkang artosipun :
“…Lan ingsun nurunake maring siro (Muhammad) kitab Al-Qur’an kangge jelasake sekabehe perkoro. Lan minongko dadi pituduh lan Rohmat lan kabar gembira tumrape tiang Islam” (QS. An-Nahl : 89).
Pramilo saking meniko monggo lewat pringatan “Nuzulul Qur’an” niki, kulo lan panjenengan sedoyo ingkang sring mahos sring mahos Al-Qur’an lan kito hayati utawi makna ingkang terkandung wonten sak lebetipun Al-Qur’an. Selajeng kito to’ati nopo ingkang dipun perintahaken Alloh wonten Al-Qur’an. Lan kito tebihi nopo ingkang dipun larang dening Alloh wonten Al-Qur’an. Supados gesang kulo lan panjenengan sedoyo saget wilujeng wonten ing dunyo lan akhirat. Shoho nampi kabekjan wonten dunia lan akhirat. Amin-amin yaa Robbal alamin.
Kintenipun namung mekaten ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun sedoyo kalepatan kulo nyuwun agungipun pangapunten.
Masang pulut nang nduwur cemoro
Menawi luput nyuwun ngapuro
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO RESEPSI HALAL BIHALAL
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ لله الذى اَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلاِيْمَانِ وَاْلاِسْلاَمِ. وَاَوْ جَبَّ عَلَيْنَا بِالصَّلاَةِ وَالصَّيَامِ. وَأَمَرَ نَا بِالاِّ تِّحَادِ وَصِلَةِ ا ْلاَرْحَامِ. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ ا ْلاَنَامِ. وَعَلَى اَلِهِ واَصْحَا بِهِ الْكِرَامِ. أ مّا بعد. مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَا ئِزِيْنَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّ وَمِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ.
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati !
Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SUBHANAHU WA TA’ALA, ingkang sampun paring Rohmat shoho ni’mat, sehingga kulo lan panjenengan saget pepanggihan wonten meniko majlis, dalam rangka “bersilaturrohim”, utawi resepsi “Halal bi halal” kanti keadaan sehat wal afiat, sami ugi sehat lahiriah, utawi batiniyah.
Kaping kalihipun Rohmat Ta’dzim dan salam bahagia Alloh, mugio tetep dipun limpahaken dateng kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, shoho poro ahli keluarga lan sahabatipun.
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian !
Wonten ing saat meniko kito sampun manggihi wulan syawal malih. Kranten wonten ing wulan sakderengipun yakni wonten ing wulan Romadhon kito sampun sukses nindakaken ibadah puasa sebulan penuh. Kanti menambah amalan-amalan ibadah lintunipun kados dene sholat tarowih, tadarus Al-Qur’an lan sanesipun. Lan ugi wonten akhiripun wulan Romadhon kita tutup mawi Zakat Fitrah kanti harapan kulo mugi-mugi nopo ingkang kito laksanakaken wonten ing wulan Romadhon kolo wahu minongko dados amal ingkah sholeh. Ingkang mbuahaken amalan-amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan sakterusipun, sehinggo saget ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian, wonten ing manah kito sedoyo.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Kranten hikmah nindaaken ibadah poso meniko disamping kito ninda’aken perintahipun Allah subhanahu wa ta’ala kanti ngeker hawa nafsu wonten ing siangipun wulan Romadhon, meniko ugi kito saget ngraosaken betapa sedih lan gelisahipun si Fakir-Miskin ingkang wonten ing saben dintenipun selalu ditimpa kekurangan dahar, ngunjuk, shoho keluhan lan kelemahan tenogo, ingkang akhiripun kito timbul roso belas kasihan kito dateng Fakir Miskin, sehinggo kito purun nafkahaken sebagian harta benda kito kangge shodaqoh dateng Fakir-Miskin kolo wahu.
Poro hadirin ingkang kulo hormati ! menawi kito mboeten purun nglampahi ibadah puoso, berarti kito meniko gesang nuruti kemauan howo nafsu lan kemauan weteng utawi dados Abdul butun alias hamba perut, selalu dikuasi Howo Nafsu. Setiap hari selalu dalam pemborosan, mangan ngumbe sak katahipun, selalu berlebih-lebihan, melampauai batas tanpa mengukur kekuatanipun. Padahal, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an :
كُلُوْ وَاشْرَبُوْا وَلاَ تُسْرِ فُوْا إِنَّ الله لاَ يُحِبُّ الْمُشْرِفِيْنَ
Ingkang artosipun :
Mangano siro kabeh lan ngumbiho. Lan ojo ngliwati bates. Saktemen Alloh ikut ora demen marang wong kang ngliwati bates
Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian !
Sak meniko sampun dugi wulan syawal, wulan ingkang penuh dipun rameaken lan dipun meriahaken dening sedoyo umat Islam. Kranten ing wulan menikolah saat meledakipun kegembiraan ingkang penuh harapan menuju kearah hidup baru gesang ingkang langkung sahe, katimbang wulan ingkang berlalu.
Pramilo monggo kesempatan wulan syawal meniko kito ginaaken kangge bersilaturrohim, mempererat tali persaudaraan antara keluarga, famili, konco-konco lan sanak, shoho sederek seagomo lan seperjuangan. Mungkin wonten ing saat-saat ingkang berlalu terjadi kesalahan-kesalana utawi sering melakukan hal-hal ingkang mboten nyekecoaken manah. Sering timbul rasa iri, dengki, buruk sangka, mangkel-mangkelan lan sanesipun.
Pramilo saat meniko kito bucal, kito lenyapaken mawi berjabatan tangan, kito isi kanti halal bihalal, saling maaf memaafkan lahir lan batin.
Monggo kito ndugeni, kito panggihi sanak keluarga, sahabat karib, tiyang sepuh kito, guru-guru kito, kanti bersilaturahim, supados gesang kito meniko angsal berkah sangking Alloh subhanahu wa ta’ala. Kanjeng Nabi sampun dawuh :
مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِى رِزْقِهِ وَيُنْسَاءَ لَهُ فِى أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ
Artosipun :
Sing sopo wonge pengin diluasne rizkine, lan didawakne (di berkahi) umure, mongko becik silaturrohmi (nyambung sanak sedulure)”
Poro Bapak, Poro Ibu hadirin sekalian !
Dados wal hasil wonten ing kesempatan wulan Syawal meniko, monggo kito tingkataken mutu pendidikan lan praktek, utawi mewujudkan sedoyo amal ingkang saget mbeto bahagia, sejahtera wonten ing duniyo lan akhirat. Mengingat kata penyair :
إِذَا فَتَنِى الْيَوْمُ وَلَمْ أَكْتَسِبْ عِلْمً* وَلَمْ أَصْنِغْ يَدًا فَمَا ذا كَ مِنْ عُمْرِى
Ingkang artosipun :
Naliko wis ngliwati aku sijining dino, lan aku durung ngasilken ilmu pengetahuan, lan durung ngasilaken pekerjaan tangan, Mongko opo gunane umurku ing dino iku”
Poro hadirin sekalian !
Sesuai kalian kata syair kasebut, monggo kito berusaha ningkataken pendidikan dateng putri-putri kito generasi mendatang, supados dados generasi ingkang berguna lan berjasa, ingkang sanggup dibebani seribu macam tugas, saking agomo, bangsa lan negoro. Kranten generasi meniko ingkang menentukan masa ingkang bade dateng. Kata penyair malih :
لَقَدْ غَرَ سُوْا فَا ءَ كَلْنَا وَإِنَّنَا * لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا
Ingkang artosipun :
Sa’temen wong-wong sakwuse kito wis podo nandur jasa, lan kito sing mangan jasane. Lan yektine kito ugo nandur jasa supaya wong-wong sing sak wusi kito biso mangan jasa kito (metik jasa kito)”
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Kintenipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan nyuwun pangapunten.
مِنَ الْعَا ئِدِيْنَ وَالْفائِزِيْنَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّ وَمِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO HARI ULANG TAHUN KEMERDEKAAN RI
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ اَنْعَمَنَا بِالْحُرِّ يَةِ وَحْدَهُ. وَالَّذِيْ صَدَقَ و عْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلاَحْزَمَ اْلاَحْزَابَ وَحْدَهُ. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ لاَ نَبِيَ بَعْدَهُ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ وَمَنْ تَبِعَ رُشْدَهُ أمّا بعد.
Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati !
Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh subhanahu wa ta’ala, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Alloh subhanahu wa ta’ala. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin.
Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Alloh subhanahu wa ta’ala sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an
وَ اِنْ تَعُدُّوا نِغْمَةَ اللهِ لاَ تُحْصُوْ هَا
Ingkang artosipun :
Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung
Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh subhanahu wa ta’ala, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh subhanahu wa ta’ala ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh. Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Qur’an surat Ibrahim ayat 7
لَئِنْ شَكَرْ تُمْ لاَءَ زِيْدَ نَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَا بِى لَشَدِيْدٌ
Ingkang Artosipun :
Demi yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko Ingsun nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring nikmat-Ku, mangko saktemene sikso-Ku iku banget …….”
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh subhanahu wa ta’ala. Amin-amin yaa Rabbal alamin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun Ulama rumiyin…..
لَقَدْ غَرَسُوْا فَاءَ كَلْنَا وَإِنَّنَا لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا
Ingkang Artosipun :
Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasa’ake marang jasa lan sa’temene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan jasa kito.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin.
Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo.
Masang pulut ning duwur cemoro
Menawi luput kulo nyuwun ngapuro
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO THOLABUL ILMI
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد
Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian ingkang kulo hormati !
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh subhanahu wa ta’ala ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. Nanging leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Sebagai pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo lan panjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah subhanahu wa ta’ala. Keranten pancen dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng Nabi dawoh :
طَلَبُ الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسِلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ (رواه ابن عبد البر)
Ingkang artosipun :
Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri
Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajiban pados ilmu.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajan toh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmuni meniko tiwas bal gedual.
وُ كُلُّ مَنْ بِغَيْرِ عِلْم يَعْمَلُ اَعْمَالُهُ مَرْ دُوْ دَةٌ لاَ تُقْبَلُ
Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu.
Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh wonten Al-Qur’an, Surat Al-Mujadalah ayat 11
يَرْفَعِ الله ُ الَّذِ يْنَ آمَنُوْا مِنْكُمْ وَالَّذِ يْنَ أُوْتُوْا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ
Artosipun :
Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat
Tapi sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmu boten saget ngaji lan boten purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih boten patut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kados jaman penjajah. Sa’niki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar, pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah, boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi kentandang gaweh boten purun. Sa’bendino ngente’no sego, jaluki duwit, di tuturi boten manut, karo Ibu nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo Kakang mbangkang, karo Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur ngladur, karo tonggo ora duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten budal, di guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu Akheripun tiyang sepuhipun namung susah, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek, kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek, bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahe malah mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah menopo boten? Poro Bapak Poro Ibu? Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres saget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho ingkang saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang cocok dawohipun kanjeng Nabi
خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّآسِ
Artosipun :
Sa’bagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso liyane
Poro rawo ingkang kulo hormati !
Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

Tidak ada komentar:

Posting Komentar